Monggo Kulo Aturi Pinarak Sawetawis


Candi Rara Jonggrong utawa kang luwih kondang kasebut Candi Prambanan sejatine yaiku candi Hindu kang ukurane paling gedhe ora mung ing wilayah Indonesia nanging uga paling gedhe ing wilayah Asia Tenggara.

Candi kang duwur bangunan utamane kurang luwih 47m iki manggon nang perbatasan Propinsi Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta. Tepate ing wilayah Kabupaten Sl;eman, Yogyakarta lan Kabupaten Klaten, Jawa Tengah, kabangun tahun 850 M ing jaman pemerentahane Nalendra Rakai Pikatan lan Rakai Balitung

Candi Roro Jonggrang duweni 8 candi utama lan ana luwih saka 250 candi kang ukurane luwih cilik.

Ana 3 candi utama kang kasebut kanti istilah Trisakti, kang kapersembahake dumateng Sang Hyang Trimurti. Yaiku Batara Siwa, Batara Wisnu lan Batara Brahma. Telu candi utama iki uga duweni candi pendamping kang madep ana sisih kulon, yaiku Nandini pendamping kanggo Siwa, Angsa kanggo Brahma lan Garuda kanggo Wisnu. Kajaba iku isih ana 2 candi apit, 4 candi kelir lan 4 candi sudut.

Candi Siwa kang ukurane paling gedhe duweni 4 ruangan. Salah siji ruang utamane kaisi arca Siwa, dene 3 rungan liyane kaisi arca Durga ( garwa Siwa ), Agastya ( Guru Siwa ) lan Ganesha ( Putra Siwa ). Yo arca Durga iki mono kang saiki tumrap warga sekitar candi luwih kondang kasebut kanti jeneng Arca Roro Jonggrang

Candi Prambanan iku uga duweni relief candi kang gambarke carita kisah Ramayana. Ana uga relief Kalpataru kang menurut para ahli menawa relief Kalpataru iki gambarake sejatine warga masyarakat ing abad 9 iki wis duweni semangat lan keprigelan tumrap babagan ngelola lan nglestarike lingkungan hidup.

Isih akeh babagan apik liyane tumrape Candi Prambanan iki. Supaya luwih jelas lan gamblang, kanggo panjenengan ingkang durung nate mirsani Candi Prambanan saka cedak, monggo enggal-enggala tindak dateng Prambanan ,……. e ben ora diarani ketinggalan jaman toh.


BLOGGER JOWO

12 komentar:

  1. wah,,blog-ipun keren sanget,,,unik pisan euy (loh, malah sunda)

  1. Faril says:

    wah,,maturnuwun sanget sampun nulis artikel niki..tak simpen,,nggih..

    *ada yg aneh nggak bahasanya??

  1. salam sob
    candi prambanan maha karya indah

  1. wah...sae sanget meniko....

  1. tikete kadose kelarangen nggih?

  1. smile_net says:

    wah blog njenengan unik sanget.nek purun kulo ajeng ngajak ijolan link supados pasedulurane kathah.
    http://smilenet-smile.blogspot.com/

  1. Nunut ngiyup yo kang............

  1. Sampun lami dalem mboten sowan dateng mriki, dos pundi pawartanipun lak inggih sae-sae kemawon, mugi mawon tansah ginanjar slamet wilujeng sak sedayane...Amin.

  1. Anonim says:

    izin copas kangge tugas sekolah nggeh?

  1. Maaf Prapatan Kertek ganti domain blogspot.com lagi,mohon sobat untuk mau mengganti url link dengan http://prapatankertek.blogspot.com
    Terima kasih atas kerja samanya..!

NGEBLOG BOSO JOWO

Foto Saya
BLOGGER JOWO
Iki ngono jenenge blog jowo, sing duwe lan sing gawe genah wong jowo, isi blogke yo rapati adoh karo urusane wong jowo, bahasane yo jelas nganggo boso jowo, lha sing ra iso boso jowo yo kudu sinau boso jowo, pokoke sing penting nang ati iku tansah adem ayem ayem lan ayem...

Lihat profil lengkapku

MONGGO DIPUN SAMBI

WADYOBOLO



TUKARBANER3DUPDATE
TUKARHATI TBANER RINDU Photobucket

DULUR TUWO

CEMOLEX
TITIHAN HATI RINDOE KAMPUNGKU RT06RW19VIP PARIKAN JAWA OJONESU
KISAH ABU NAWAS
DEN BAGAS
KAMUS JOWO
KAMUS JAWA INGGRIS
KI DEMANG
JUNAEDI

BOLO KUROWO

Lifestyle Blogs - Blog Catalog Blog Directory

BADE TUMBAS


Masukkan Code ini K1-BD829B-D
untuk berbelanja di KutuKutuBuku.com

KANG DUGI

PARIWARA

BANER JOWO

TUKARBANNERJOWO