Monggo Kulo Aturi Pinarak Sawetawis


Candi Rara Jonggrong utawa kang luwih kondang kasebut Candi Prambanan sejatine yaiku candi Hindu kang ukurane paling gedhe ora mung ing wilayah Indonesia nanging uga paling gedhe ing wilayah Asia Tenggara.

Candi kang duwur bangunan utamane kurang luwih 47m iki manggon nang perbatasan Propinsi Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta. Tepate ing wilayah Kabupaten Sl;eman, Yogyakarta lan Kabupaten Klaten, Jawa Tengah, kabangun tahun 850 M ing jaman pemerentahane Nalendra Rakai Pikatan lan Rakai Balitung

Candi Roro Jonggrang duweni 8 candi utama lan ana luwih saka 250 candi kang ukurane luwih cilik.

Ana 3 candi utama kang kasebut kanti istilah Trisakti, kang kapersembahake dumateng Sang Hyang Trimurti. Yaiku Batara Siwa, Batara Wisnu lan Batara Brahma. Telu candi utama iki uga duweni candi pendamping kang madep ana sisih kulon, yaiku Nandini pendamping kanggo Siwa, Angsa kanggo Brahma lan Garuda kanggo Wisnu. Kajaba iku isih ana 2 candi apit, 4 candi kelir lan 4 candi sudut.

Candi Siwa kang ukurane paling gedhe duweni 4 ruangan. Salah siji ruang utamane kaisi arca Siwa, dene 3 rungan liyane kaisi arca Durga ( garwa Siwa ), Agastya ( Guru Siwa ) lan Ganesha ( Putra Siwa ). Yo arca Durga iki mono kang saiki tumrap warga sekitar candi luwih kondang kasebut kanti jeneng Arca Roro Jonggrang

Candi Prambanan iku uga duweni relief candi kang gambarke carita kisah Ramayana. Ana uga relief Kalpataru kang menurut para ahli menawa relief Kalpataru iki gambarake sejatine warga masyarakat ing abad 9 iki wis duweni semangat lan keprigelan tumrap babagan ngelola lan nglestarike lingkungan hidup.

Isih akeh babagan apik liyane tumrape Candi Prambanan iki. Supaya luwih jelas lan gamblang, kanggo panjenengan ingkang durung nate mirsani Candi Prambanan saka cedak, monggo enggal-enggala tindak dateng Prambanan ,……. e ben ora diarani ketinggalan jaman toh.


BLOGGER JOWO

Sak Lajengipun...

Bunder isine kacang digoreng lan dilumuri wijen, yo iku sing aran onde-onde. Kanggo para sutrisna panganan tradisional , jajanan onde-onde iki mungkin wis ora pangling maneh, yen ono uwong sing ngaku penggemar jajanan tradisional, nanging kok durung nate njajal panganan onde-onde iki yo berarti durung iso diarani penggemar panganan tradisional sejati… ngono toh…

Onde-onde iku salah sawijining jenis panganan tradisional utawa jajanan pasar kang uwis kondang ing Indonesia. Mulai saka pelosok desa nganti tumake kutha jajanan iki wis sumebar nang kabeh panggonan, ora mung ana pasar tradisional utawa pedagang kaki lima, malah onde-onde iki sejatine wis mulai njamah ana mall-mall kang sumebar nang kutha gedhe kae, kayata : Jakarta, Surabaya, Yogyakarta lan sapanunggale.

Onde-onde kang bentuke khas bunder kaya ball iku kagawe saka tepung terigu utawa tepung ketan njerone diisi karo kacang ijo, ana uga kang diisi kacang tholo lan malah ono uga kang jerone diisi karo parutan klapa kang ditawuri gula jawa, terus pinggirane dilumuri karo wijen, lan njur terus digoreng.

Perkembangan jaman panganan kang popoler banget tumrap masyarakat ing Mojokerto, Jawa Timur iki emang mulai ana variasi-variasi ing babagan olahane. Mula yo aja da pada kaget yen para sutrisna kabeh bakal nemui onde-onde kang wujud lan rasane bedha karo layake onde-onde kae.

Sing penting tumrap kitha marang panganan onde-onde kang sejatine yo warisan nenek moyang bagian saka kekayaan tradisional bangsa Indonesia iki, yo ayo to padha di uri-uri melu nglestarikne ben ora ilang keberadaane. Ojo nganti kitha di cap ketinggalan zaman yen durung ngrasakne onde-onde.


BLOGGER JOWO

Sak Lajengipun...

Opo toh BARONGAN kuwi. Ditilik saka jenenge wae kok sajak nyolowadi lan uga tansah medheni banget. Barongan iku sejatine salah sawijining kesenian tradisional nang Jawa Tengah. Nanging kesenian Barongan iki dhewe, luwih ngakar lan kondang tumraping warga masyarakat ing Kabupaten BLORA, tinimbang kuta-kuta liyane nang Jawa Tengah. Mula ora mokal yen Barongan iku akhire identik lan dadi kesenian unggulane Kabupaten Blora iku dhewe.

Barongan ing lelakon kesenian barongan iku, digambarke minangka panguasa alas kang angker kanthi sifat lan watake kang sarwa ala. Mula wujude barongan iku yo di gambarke kaya wujude Singo Kang Galak utawa Singo Barong.

Ewodene wujud saka kesenian barongan iku dhewe , disuguhke kanthi sarana beksa/tari, lan diiringi nganggo gending gamelan kang gendinge iku khas kanggo kesenian barongan iki dhewe. Dene tokoh penting ing carita barongan iki yaiku: 1. Singo Barong ( Gembong Amijoyo ), 2. Bujangganom ( Pujangga Anom ), 3. Joko Lodro ( Gendruwo ) 4. Reog ( Pasukan Turongga ), 5. Noyontoko, 6. Untub.

Kocap kacarita, mula pambukane carita barongan kang kapetik saka babat panji iki, yaiku nalika Prabu Klana Sawandana saka negari Bantarangin kanthi utusane Bujangganom lan Raden Panji Asmarabangun saka negari Jenggala kanti utusane Noyontoko lan Untub, nduweni kekarepan kang padha yaiku saperlu nglamar putri Raja Kediri sesilih Dewi Sekartaji. Nanging kekareban iku kaadang dening Singo Barong kang minangka jelmaane Adipati Gembong Amijaya. Dadia perang tanding Singo Barong lumawan para prajurit Bantarangin lan uga prajurit Jenggala.

Jangkeping carita, Singo Barong kaasorake dening Prabu Klana Sawandana kang gegaman Cemeti Samandiman, lan didadekne andahane. Sakbacute Prabu Klana Sawandana uga kena dikalahne dening Raden Panji Asmarabangun nganti tumeka pati. Dene Singo Barong kasedakne ora iso malih wujud asal manungsa ( Gembong Amijoyo ) maneh, lan didadekne abdine, Bujangganon uga didadekne abdine. Kanti kairing para prajurit Jenggala, Bujangganon lan sisa prajurit Bantarangin kang wis kasil dikalahke lan uga Singa Barong, Raden Panji Asmarabangun kanti arak arakan kasebut neruske lampah saperlu nglamar Dewi Sekartaji.

Pungkasan , yo suasana arak-arakan iki ing tembe mburine kang minangka dadi cikal bakaling kasenian Barongan iku nganti tekan seprene iki.



BLOGGER JOWO

Sak Lajengipun...

NGEBLOG BOSO JOWO

Foto Saya
BLOGGER JOWO
Iki ngono jenenge blog jowo, sing duwe lan sing gawe genah wong jowo, isi blogke yo rapati adoh karo urusane wong jowo, bahasane yo jelas nganggo boso jowo, lha sing ra iso boso jowo yo kudu sinau boso jowo, pokoke sing penting nang ati iku tansah adem ayem ayem lan ayem...

Lihat profil lengkapku

MONGGO DIPUN SAMBI

WADYOBOLO



TUKARBANER3DUPDATE
TUKARHATI TBANER RINDU Photobucket

DULUR TUWO

CEMOLEX
TITIHAN HATI RINDOE KAMPUNGKU RT06RW19VIP PARIKAN JAWA OJONESU
KISAH ABU NAWAS
DEN BAGAS
KAMUS JOWO
KAMUS JAWA INGGRIS
KI DEMANG
JUNAEDI

BOLO KUROWO

Lifestyle Blogs - Blog Catalog Blog Directory

BADE TUMBAS


Masukkan Code ini K1-BD829B-D
untuk berbelanja di KutuKutuBuku.com

KANG DUGI

PARIWARA

BANER JOWO

TUKARBANNERJOWO