Barongan ing lelakon kesenian barongan iku, digambarke minangka panguasa alas kang angker kanthi sifat lan watake kang sarwa ala. Mula wujude barongan iku yo di gambarke kaya wujude Singo Kang Galak utawa Singo Barong.
Ewodene wujud saka kesenian barongan iku dhewe , disuguhke kanthi sarana beksa/tari, lan diiringi nganggo gending gamelan kang gendinge iku khas kanggo kesenian barongan iki dhewe. Dene tokoh penting ing carita barongan iki yaiku: 1. Singo Barong ( Gembong Amijoyo ), 2. Bujangganom ( Pujangga Anom ), 3. Joko Lodro ( Gendruwo ) 4. Reog ( Pasukan Turongga ), 5. Noyontoko, 6. Untub.
Kocap kacarita, mula pambukane carita barongan kang kapetik saka babat panji iki, yaiku nalika Prabu Klana Sawandana saka negari Bantarangin kanthi utusane Bujangganom lan Raden Panji Asmarabangun saka negari Jenggala kanti utusane Noyontoko lan Untub, nduweni kekarepan kang padha yaiku saperlu nglamar putri Raja Kediri sesilih Dewi Sekartaji. Nanging kekareban iku kaadang dening Singo Barong kang minangka jelmaane Adipati Gembong Amijaya. Dadia perang tanding Singo Barong lumawan para prajurit Bantarangin lan uga prajurit Jenggala.
Jangkeping carita, Singo Barong kaasorake dening Prabu Klana Sawandana kang gegaman Cemeti Samandiman, lan didadekne andahane. Sakbacute Prabu Klana Sawandana uga kena dikalahne dening Raden Panji Asmarabangun nganti tumeka pati. Dene Singo Barong kasedakne ora iso malih wujud asal manungsa ( Gembong Amijoyo ) maneh, lan didadekne abdine, Bujangganon uga didadekne abdine. Kanti kairing para prajurit Jenggala, Bujangganon lan sisa prajurit Bantarangin kang wis kasil dikalahke lan uga Singa Barong, Raden Panji Asmarabangun kanti arak arakan kasebut neruske lampah saperlu nglamar Dewi Sekartaji.
Pungkasan , yo suasana arak-arakan iki ing tembe mburine kang minangka dadi cikal bakaling kasenian Barongan iku nganti tekan seprene iki.
BLOGGER JOWO
Pertama2 saya minta maaf karena tidak bisa berbahasa Jawa.
Saya tahu blog anda yang spesifik ini dari Blog Catalog, dan saya telah follow di Google Friend Connect.
Tolong agar blog saya di follow disana, terima kasih.
multibrand.blogspot.com