Monggo Kulo Aturi Pinarak Sawetawis


Bunder isine kacang digoreng lan dilumuri wijen, yo iku sing aran onde-onde. Kanggo para sutrisna panganan tradisional , jajanan onde-onde iki mungkin wis ora pangling maneh, yen ono uwong sing ngaku penggemar jajanan tradisional, nanging kok durung nate njajal panganan onde-onde iki yo berarti durung iso diarani penggemar panganan tradisional sejati… ngono toh…

Onde-onde iku salah sawijining jenis panganan tradisional utawa jajanan pasar kang uwis kondang ing Indonesia. Mulai saka pelosok desa nganti tumake kutha jajanan iki wis sumebar nang kabeh panggonan, ora mung ana pasar tradisional utawa pedagang kaki lima, malah onde-onde iki sejatine wis mulai njamah ana mall-mall kang sumebar nang kutha gedhe kae, kayata : Jakarta, Surabaya, Yogyakarta lan sapanunggale.

Onde-onde kang bentuke khas bunder kaya ball iku kagawe saka tepung terigu utawa tepung ketan njerone diisi karo kacang ijo, ana uga kang diisi kacang tholo lan malah ono uga kang jerone diisi karo parutan klapa kang ditawuri gula jawa, terus pinggirane dilumuri karo wijen, lan njur terus digoreng.

Perkembangan jaman panganan kang popoler banget tumrap masyarakat ing Mojokerto, Jawa Timur iki emang mulai ana variasi-variasi ing babagan olahane. Mula yo aja da pada kaget yen para sutrisna kabeh bakal nemui onde-onde kang wujud lan rasane bedha karo layake onde-onde kae.

Sing penting tumrap kitha marang panganan onde-onde kang sejatine yo warisan nenek moyang bagian saka kekayaan tradisional bangsa Indonesia iki, yo ayo to padha di uri-uri melu nglestarikne ben ora ilang keberadaane. Ojo nganti kitha di cap ketinggalan zaman yen durung ngrasakne onde-onde.


BLOGGER JOWO

8 komentar:

  1. onde onde ini enak tenan sob

  1. Lagi mikir, carane nempelke wijene iku piye,, opo ora njlimet

  1. kg says:

    mas link aku pasang yo...link jowo wes tak pasang neng http://iklansungaipenuh.blogspot.com

  1. Waduh jan garai lue ki yen nyawang onde2 tambah selera pengen jajan hehehehe

  1. di aceh ada juga makanan yg namanya onde-onde, tp beda, bulet juga, dibuat dari tepung ketan, direbus, di dalamnya ada inti gula aren trus di lumuri kelapa.:D
    Rasanya juga enak,hehhe

  1. DenBaGas says:

    Salam
    Sugeng dalu kawan. Kulo pinarak kunjungan perdana nang mriki...

    Wah, panganan ku biyen cuilik iki *Onde onde.. Sak iki teseh doyan..
    Kulo melu follow karo link kawan blogger djowo..

    Salam kawan

  1. Onde2ne enaaaak tenan...! opo maneh dipangan karo pacaran..?! Prikitiuuuuwww.....?!

  1. onde onde sing pecah wi aku remen mas :D

NGEBLOG BOSO JOWO

Foto Saya
BLOGGER JOWO
Iki ngono jenenge blog jowo, sing duwe lan sing gawe genah wong jowo, isi blogke yo rapati adoh karo urusane wong jowo, bahasane yo jelas nganggo boso jowo, lha sing ra iso boso jowo yo kudu sinau boso jowo, pokoke sing penting nang ati iku tansah adem ayem ayem lan ayem...

Lihat profil lengkapku

MONGGO DIPUN SAMBI

WADYOBOLO



TUKARBANER3DUPDATE
TUKARHATI TBANER RINDU Photobucket

DULUR TUWO

CEMOLEX
TITIHAN HATI RINDOE KAMPUNGKU RT06RW19VIP PARIKAN JAWA OJONESU
KISAH ABU NAWAS
DEN BAGAS
KAMUS JOWO
KAMUS JAWA INGGRIS
KI DEMANG
JUNAEDI

BOLO KUROWO

Lifestyle Blogs - Blog Catalog Blog Directory

BADE TUMBAS


Masukkan Code ini K1-BD829B-D
untuk berbelanja di KutuKutuBuku.com

KANG DUGI

PARIWARA

BANER JOWO

TUKARBANNERJOWO