Monggo Kulo Aturi Pinarak Sawetawis


Ora jalaran ra iso boso, ora amarga kentekan bahan opomaneh nganti kentekan akal lan nalar sehat, kabeh iku mau ora ono kaitane babar blas marang mula pambukane muncul lan digawene blog jowo iki. Tujuan di gawene blog iki ora ono liyo yo amung dadi obat panglipuring awak iki, panglipur marang kahanan donya iki kang tansah kebak soko carut marute tingkah polah kang kadang kala yen dilebokne nang ati malah iso ndadeake sumpeking ati iki.

Mulo ora salah yen tinimbang melu grudugan sing ora ono faedahe, yo luwih becik ngeblog ngene iki. Numpahake unek-unek nang kene, sesrawungan karo sedulur- sedulur blogger liyane sinambi ngangsu kawruh e... sopo ngerti mergo soko iki iso ndadekake tambahing ngilmu, tambahing paseduluran lan iso uga andadekake tambahing sumringahe penggalih iki sekalian nguri uri kabudayan jawi ngono lho, supoyo ora lekas luntur kepangan semrawuting kahanan iki.

Ojo podo kaget yo yen blog iki bakalane nyuguhke tulisan-tulisan kang campur mawut koyo campur mawute gado gado, toprak utowo lotek kang kerep dijajakake bakul nang pinggir dalan kae. Tulisan ngalor ngidul, guyon maton ,ngetan ngulon kang ora ono kaitane lan juntrunge blas. Kabeh mau ora liyo tak anggep dadi kembange tulisan lan kembange urip nang donya iki. Pungkasane mugo mugo kabeh kang ono nang kene iki iso ndadekake panglipuring penggalih kabeh.



Salam Adhem Ayem

BLOGGER JOWO


NGEBLOG BOSO JOWO

Foto Saya
BLOGGER JOWO
Iki ngono jenenge blog jowo, sing duwe lan sing gawe genah wong jowo, isi blogke yo rapati adoh karo urusane wong jowo, bahasane yo jelas nganggo boso jowo, lha sing ra iso boso jowo yo kudu sinau boso jowo, pokoke sing penting nang ati iku tansah adem ayem ayem lan ayem...

Lihat profil lengkapku

MONGGO DIPUN SAMBI

WADYOBOLO



TUKARBANER3DUPDATE
TUKARHATI TBANER RINDU Photobucket

DULUR TUWO

CEMOLEX
TITIHAN HATI RINDOE KAMPUNGKU RT06RW19VIP PARIKAN JAWA OJONESU
KISAH ABU NAWAS
DEN BAGAS
KAMUS JOWO
KAMUS JAWA INGGRIS
KI DEMANG
JUNAEDI

BOLO KUROWO

Lifestyle Blogs - Blog Catalog Blog Directory

BADE TUMBAS


Masukkan Code ini K1-BD829B-D
untuk berbelanja di KutuKutuBuku.com

KANG DUGI

PARIWARA

BANER JOWO

TUKARBANNERJOWO