Monggo Kulo Aturi Pinarak Sawetawis


Dina sing nembe dienteni karo umat muslim sak donya iki sedelo maneh bakal teko. Apa toh kuwi? Hari Raya Idul Fitri, utowo yen wong jowo wis latah biasa ngucapake karo istilah Riaya alias Badha, ukoro kang pirang-pirang dino iki mesti paling kerep keprungu lan paling kerep kaucapke marang para khalayak rame ing saantero negeri iki.

Prasasat wis dadi adat, khususe nang Indonesia iki, badha tansah ajeg dirayakake karo kabeh umat muslim. Ono unen-unen Kurang lego roso ati iki yen durung ngrayakake badha.

Pancen badhane umat muslim iki, yen nang Indonesia iso uga diartekno dadi badhane kabeh warga, tan kliwatan uga tumrape warga sing non muslim. Lanang, wadhon, tuo, enom, sugeh, mlarat kabeh podo mbahur dadi siji ing dino kamenangane umat muslim iki.

Ana kebiasaan liyane yen pas mbarengi tekane dina riaya iki, kebiasaan kang mesti ajeg ora nate diliwatke karo warga, khususe tumrap warga sing manggon nang kuto-kuto gedhe, Jakarta salah siji contone. Yoiku kebiasaan mudik lebaran.

Badha berarti yo mudik, yen ra mudik berarti yo ra badha. Badha berarti yo mulih kampung, yen ra mulih kampung berarti yo berarti ra badha. Iku mau mung unen-unen sing ajeg kaprungu lan mungkin uga wis dadi panganan sak bendina para pelancong, para warga kang ngayahi jejibrahan, macul, golek sandang pangan urip nang kuto gedhe. Yen diibaratke, mudik iku sejatine yo kembange riaya.

He..he..he.. akeh uwong sing podho kemekelen ya'e, yen ngrungokake unen-unen sing koyo mangkono iku. Ning yo piye maneh, iku pancen sejatine sing kerep ditemoni ing wayah sakbendinane iki. Masalahe mungkin ukoro iku kurang pas tumrape para warga kang nembe prihatin, nandang tirakat urip amarga ngadepi kahanan negara sing kaya ngene iki. Abot ngasakne urip. Angele golek duwit, trus yen wis dadi duwit prasasat cepet uga ilang ujudane . Rega - rega kang tansah sarwa larang marakne duwit iki pencen soyo suwe yo soyo ra ono ajine maneh. Mumet... mumet....bakalane..

Mulane tinimbang ngrasakne urip susah kok malah digawe tambah susah, luwih becik dijupuk wae hikmahe dina riaya iku mau. Ojo mung ngurusi urusan donya tok ning trus lali karo sing duwe donya iki yaiku Gusti Kang Maha Kuasa. Piye Gusti Allah arep tresno karo umate, yen umate wae nglalekake karo Gustine. Piye Gusti Allah arep andum rezeki sing gedhe yen umate wae ra tau nyukuri marang apa wae kang wis nate diparing-Ke.

Pungkasan BLOGGER JOWO ngaturaken Sugeng Riyadi, Minal aidin wal faidzin, nyuwun ngapunten tumrap sedaya kalepatan lahir lan batin. Nuwun.



BLOGGER JOWO




5 komentar:

  1. Ngaturaken sugeng riyadin minal aidzin wal faidzin nggeh...
    Ngaturaken sedoyo kalepatan

  1. uswah says:

    minal aidzin walfaidzin

  1. hikmah says:

    minta maap di hari yang fitri ini

  1. Saung Web says:

    Silaturahim ke tetangga dihari nan fitri ini n Selamat Hari Raya Idul Fitri 1431 H, Taqabbalallahu Minna Wa Minkum Shiyamana Wa Shiyamakum.
    Mohon maaf lahir dan batin

  1. Selamat berlebaran di 1 Syawal 1431 h ini, semoga kita mendapatkan kemenangan dan kemballi ke fitrah kita sebagai manusia… Amin

NGEBLOG BOSO JOWO

Foto Saya
BLOGGER JOWO
Iki ngono jenenge blog jowo, sing duwe lan sing gawe genah wong jowo, isi blogke yo rapati adoh karo urusane wong jowo, bahasane yo jelas nganggo boso jowo, lha sing ra iso boso jowo yo kudu sinau boso jowo, pokoke sing penting nang ati iku tansah adem ayem ayem lan ayem...

Lihat profil lengkapku

MONGGO DIPUN SAMBI

WADYOBOLO



TUKARBANER3DUPDATE
TUKARHATI TBANER RINDU Photobucket

DULUR TUWO

CEMOLEX
TITIHAN HATI RINDOE KAMPUNGKU RT06RW19VIP PARIKAN JAWA OJONESU
KISAH ABU NAWAS
DEN BAGAS
KAMUS JOWO
KAMUS JAWA INGGRIS
KI DEMANG
JUNAEDI

BOLO KUROWO

Lifestyle Blogs - Blog Catalog Blog Directory

BADE TUMBAS


Masukkan Code ini K1-BD829B-D
untuk berbelanja di KutuKutuBuku.com

KANG DUGI

PARIWARA

BANER JOWO

TUKARBANNERJOWO